Jumat, 18 September 2009

Oh..Istri Dan Suami

Dandang gulo

Jejodoan iku kawitane kebuka’e rahasiane uripe manungso.

Ngertio………

Bojo wedo’mu kuwi dudu sopo-sopo.

Yo mung manungso biasa kang di siapke Allah kanggo kowe kaum ADAm.

Ibarat bojo wadon iku lemah padas,

kowe kang dadi langit kang kebak banyu udan.

ibarat tanduran kowe kang dadi pager..

ibarat rojo koyo kowe dadi kang angon

ibarat koyo murid kowe kang dadi mursyid

Mulane……

Ojo susah ojo ngersulo yen…

Bojomu ora ayu koyo Zulaikha

Yo ora takwa koyo taqwane Aisyah

Ora sabar koyo Fatimah

Ora sugih bondo dunyo koyo Khodijah..

Yo mung aran manungso kang gede angen-angen lan gegayuhane,

Yo iku isoho dadi wong wadon kang sholehah….

Kang tansah gawe marem lan bungah marang bojo lanange………….

Wong wadon………..

Bojo lanangmu kuwi dudu sopo-sopo.

Yo mung manungso biasa kang di siapke Allah kanggo kowe kaum hawa

Ibarat bojo wadon iku lemah padas,

kowe kang dadi langit kang kebak banyu udan.

ibarat tanduran kowe kang dadi pager..

ibarat rojo koyo kowe dadi kang angon

ibarat koyo murid kowe kang dadi mursyid

Mulane……

Ojo susah ojo ngersulo yen…

Bojomu ora Ruso koyo Bimo

Yo ora takwa koyo taqwane Saidina ‘Ali

Ora sabar koyo Ayub

Ora sugih bondo dunyo koyo Sulaiman..

Yo mung aran manungso kang gede angen-angen lan gegayuhane,

Yo iku isoho dadi wong Lanang kang Sholeh….

Kang tansah gawe marem lan bungah marang bojo Wadon

lan anak kang dadi gandulane urep………….






Tidak ada komentar:

Posting Komentar